Minggu, 21 September 2014

Cerpen Jawa ARTI KANCA


TEMA     : BUDI PEKERTI
JUDUL    : ARTI KANCA

Urip kayata roda sing muter. Kala-kala ana ing nduwur, uga ing ngisor. Wong tuwaku maringi jeneng aku Agreta, sing akrab diundang Tata. Jarene kanca-kancaku, aku iku bocah sing  menengan lan sabar. Nanging aku ngrumangsani yen aku iki egois. Nyia-nyia apa sing tak nduweni lan ora trimanan.
Teet…teet…teet… suara bel sing nandakake sekolah wis masuk lan pelajaran uga diwiwiti. Iki dina kapisan aku dadi siswa Sekolah Menengah Atas utawa SMA. Kandane wong-wong, SMA iku masa-masa sekolah sing paling nyenengke lan masa-masa perubahan saka bocah dadi wong gede. Aku seneng banget bisa ketrima ing SMAN 1 Wirosari. “Mbak, asmanipun panjenengan sinten nggih?” ana suara ing sak guriku banjur aku noleh. “Aku Agreta, luwih gampang diundang Tata, lha kowe sapa?” pitakonku genti. “Kula Ajeng mbak.” jawabe. “Ajeng, supaya ora kekuk kowe ora usah basa karo aku. Lan yen ngundang aku Tata, ngono wae.” sautku. “O iya mbak, ee Tata.” wangsulane. “Supayane awake dewe bisa kekancan luwih cedak, becike kowe lungguh jejer karo aku, piye?” pitakonku. “Iyo Ta, dilalah aku yo durung oleh bangku.” balese.
Dina-dina tak lewati karo ati bungah. Saiki umurku tambah, pengalamanku saya akih, lan aku uga nduwe kanca anyar sing akih. Ana ing sawijining dina, aku pethuk bocah lanang sing manis rupane. Jantungku kayata lagi lindu lan atiku seneng banget nalika pethuk bocah lanang mau. Nanging aku ora weruh sopo jenenge. Aku  nduweni kekarep arep nylidiki bocah lanang mau.
“Door”, Ajeng ngageti aku.
“Apa tha Jeng, gawe jantungku arep ucul wae.” ngomongku karo jengkel.
“Lha kowe ngapa tha Ta, isuk-isuk kok wis ngalamun?” pitakone.
“Ngene Jeng, ndek wingi Aku pethuk bocak lanang sing manis rupane.” jawabku.
“Sapa Ta sapa?” pitakone Ajeng karo penasaran.
“Lha yo kuwi, aku ora weruh jenenge?” jawabku karo rai melas.
“O ngono, yowis-yowis. Aku bakal ngewangi kowe nylidiki sopo bocah lanang sing mbok taksir kuwi, piye?” tawarane Ajeng.
“Tenan kuwi Jeng?? Maturnuwun, awakmu pancen kancaku sing paling pangerten.” rayuku marang Ajeng.
          Bengi iki aku ora bisa turu jalaran kepikiran bocah lanang sing tak taksir. Mangan ora enak, neng ati uga ora tentrem. Rasane kepingin pethuk karo bacah kuwi. “Sopo jenengmu kakang?” batinku ing njero ati. “Wah, kok wis jam 12 wengi, bisa ora bisa aku kudu ndang turu amarga sesok sekolah.” omongku, banjur aku mapan turu.
          Esuk iki aku karipan lan gawe aku keri mangkat sekolah. Pager sekolah wis ditutup, bejane penjaga pager isih gelem mbukakake. Wektu aku mlayu arep mlebu kelas, aku tabrakan karo bocah lanang sing tak taksir. “Eeh, ngapurane yo, aku ora njarak.” ngomonge bocah mau karo nulungi aku ngadek. “I i iyo ora papa.” sautku. “O iyo, aku Wira saka kelas X.1, jenengmu sapa?” pitakone. Karo ndredek aku njawab, “Aku Tata kelas X.3, seneng bisa kenal karo sampean mas.” jawabku. “Yowes Ta, aku arep mlebu kelas, ati ati yo.” kandane. Aku mung mesem amarga ora bisa ngomong apa-apa.
          Saya suwe, aku lan Wira saya cedak. Mangkat lan bali sekolah bareng, garap tugas bareng lan Wira kerep dolan ing omahku kanggo sinau kelompok. Wira pangerten marang aku. Yen ana apa-apa karo awakku, Wira mesti kuwatir. Ing sawijining dina Wira crita marang aku babakan bocah wadon sing ditaksir. Kandane Wira, deweke seneng karo bocah wadon kelas X.3. Nanging aku ora dikandani sopo jenenge. Aku dadi gegeden rumangsa wektu Wira kondo ngono mau. Saiki bocah wadon sing lagi cedak karo Wira yo aku iki, batinku.
          “Eeh Ta, aku arep ngewangi kowe nanging kok tekan saiki aku ora mbok kei ngerti sapa bocah lanang sing mbok taksir.” kandane Ajeng. “Awakmu bakal weruh dewe mbesok, oke-oke.” jawabku karo mesam-mesem. “Walah-walah sahabatku siji iki lagi “Falling in love”. Yowis-yowis, aku seneng yen kowe seneng Ta.” wangsulane Ajeng.
          “Ta, ngapurane yo aku mengko sore ora bisa ngancani awakmu ing toko buku,” kandane Ajeng. “Iyo-iyo ora papa, lha arep ngapa tha Jeng?” pitakonku. “Aku ana janji karo koncaku SD, deweke kepingin banget metu karo aku. Ngapurane ya Ta. Kowe rak ora nesu tha?” kandane Ajeng karo melas. “Hehe,, hayoo kanca apa kanca iku? Ora kok Jeng, ora papa.” jawabku karo ngguyu.
“Ajeng,” ana wong sing nyeluki Ajeng.
“Eeh Wira,” balesane Ajeng karo mlaku nututi Wira.
“Ayoo!!” ajak’e Wira.
“Arep nang ngendi??” pitakone Ajeng.
“Aku arep ngajak awakmu mangan ing warung bakso langgananku, lan aku yo kepingin ngomong penting karo kowe Jeng,” kandane Wira karo rai gugup.
“Mmm…Iyo wis ayoo,” jawabe Ajeng karo mesem.
“Wira, sampean arep ngomong apa marang aku? Kok kadingaren ngajak pethukan karo mangan bakso?” pitakone Ajeng penasaran.
“Ngene Jeng, waah…aku isin,” jawabe Wira.
“Jeng, aku karo awakmu kekancan wis ana sangang taun luwih., suwe-suwe aku trisno karo awakmu. Kowe gelem Jeng dadi konco specialku?” pitakone Wira.
“Wira, aku yo nduweni rasa karo awakmu.” jawabe Ajeng.
“Trus, awakmu gelem karo aku Jeng?” pitakone Wira karo seneng.
“Nanging wektu iki awake dewe kudu sekolah sing tenanan. Mengko bubar SMA lan Insyaallah ing perguruan tinggi, awake dewe lagi oleh bareng-bareng,” wangsulane Ajeng.
“Iyo Jeng iyo,” jawabe Wira.
          Bengi iki Wira dolan ing omahku kanggo garap tugas Basa Jawa. Atiku seneng banget, malem minggu didolani bocah lanang sing dak taksir. Tok..tok..tok.. “Assalamualaikum,” abane saka njaba. Banjur dak bukak lawange, “Waalaikumsalam, eeh Wira. Ayo mlebu,” wangsulanku. Dag..dig..dug.. rasane atiku. Wektu garap tugas. Wira mesam-mesem dewe, banjur dak takoni. “Waah..waah..waah….kesurupan setan apa kowe Wir, bengi-bengi mesam-mesem dewe,” pitakonku. “Hehee,” balese Wira. “Ora dijawab malah guyu,” wangsulanku jengkel. “Aku lagi “Falling in love”, kandane Wira. “Karo??” jawabke kaget. “Rahasia,” wangsulane Wira. Aku penasaran sapa bocah wadon sing ditaksir Wira. Karo jengkel aku garap tugas Basa Jawa nganti rampung.
          “Isuk-isuk wis prengat-prengut, ana apa tho Ta?” pitakone Ajeng. “Lagi galau Jeng,” jawabku. “Walah-walah, galau ngopo Ta?” pitakone Ajeng karo ngguyu aku. “Bocah lanang sing tak trisnani, malah trisno karo bocah wadon liyo.” kandaku karo mrengut. “Sapa tho Ta, sing kok taksir kuwi?” pitakone Ajeng. “Wira kelas X.1 Jeng,” jawabku. Ajeng ora njawab apa-apa langsung mlayu kandane arep nang kamar mandi.
“Wira,” Ajeng ngundang Wira.
“Apa Jeng kok raimu pucet ngono?” pitakone Wira.
“Sahabatku Tata trino karo awakmu,” kandane Ajeng.
“Tata?? Apa iyo?? Aku karo deweke kekancan cedak,” jawabe Wira.
“Iyoo, awit deweke kepethuk awakmu deweke wis naksir karo awakmu Wir, aku lagi ngerti yen sing ditaksir iku kowe.,” wangsulane Ajeng.
“Aku pekewuh karo Tata,” tambahe Ajeng.
“Yowis ngene wae, awake dewe nglakoni hubungan iki meneng-meneng wae ojo nganti Tata ngerti,” kandane Wira.
“Iyo wis, aku manut sampean.”
          Bengi iki rencana aku arep ngajak Ajeng mlaku-mlaku karo nonton biskop, nanging Ajeng ora biso jalaran arep lungo nang Solo.  Tulilit..tulilit.. unine Handphoneku nandakake yen ana SMS, jebul iku SMS saka Wira. Banjur dak waca isi pesane:

Tata, ngapurane yo
 bengi iki aku ora bisa sinau kelompok karo awakmu.
Sebabe, aku ana acara karo kancaku.
         
 Akhire bengi iki aku nonton karo Tifani, kanca sekelasku. Wektu tekan ngarep gedung biskop aku weruh Ajeng karo Wira lagi gandengan. Aku kaget trus marani Ajeng lan Wira.
“Ajeng,” Aku nyeluki Ajeng.
“Tata?,” jawabe Ajeng karo gugup.
“Oo ngono, kowe tega karo aku. Tego ngapusi aku Jeng,” kandaku karo nesu.
“Ngapurane Ta, aku bakal njelaske apa sing kok ngerteni mau,” wangsulane Wira.
“Njelaske apa? Kowe kabeh tego karo aku. Ajeng, kowe kok tego karo kancamu dewe. Lan kowe Wira, olehmu cedak karo aku kuwi artine apa?” balesku.
“Aku karo Ajeng wis kenal suwe awit SD,” kandane Wira.
“Ajeng, ngopo awakmu ora kanda marang aku yen awakmu kenal Wira? Kowe sengaja Jeng? Kowe kanda arep gawe Aku lan Wira cedak, buktine kowe ora nindakake omonganmu dewe,” wangsulanku.
“Ngapurane Ta, aku yo lagi ngerti jebul kowe trisno karo Wira.” jawabe Ajeng.
“Wis cukup!!” jawabku, banjur aku mlayu lan bali karo Tifani.
          Wis seminggu iki aku ora lorohan karo Ajeng. Yen Ajeng nyedaki aku, aku banjur lungo. Dak pikir-pikir, ora ana gunane yen aku nesu trus-terusan. Ngopo aku nesu karo Ajeng? Ajeng ora salah, batinku. Iki aku sing salah, amargo keegoisanku. Aku kudu njaluk ngapura marang Ajeng.
“Ajeng,” sapaku marang Ajeng.
“Tata,” Ajeng banjur ngrangkul aku.
“Ta, aku njaluk ngapura wis gawe loroatimu,” kandane Ajeng,
“Ora Jeng, iki aku sing salah faham. Awakmu lan Wira ora salah,” wangsulanku.
“Awakmu wis ora nesu karo aku Ta?” pitakone Ajeng.
“Aku ora nesu karo awakmu Jeng, sampean iku sahabatku sing paling ayu dewe,” gojekmu marang Ajeng.
Saiki lan mbesok, aku karo Ajeng tetep sahabat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar