Jumat, 20 Februari 2015

KUWI AKU

KUWI AKU

aku mung wanita
aku mung duwe setya
aku ora bakal cidra
janjiku ora liya
ya mung manunggal ing rasa
janjine Bapa Adam marang Ibu Hawa 
bangun katresnan ing alam kasuwargan
gebyaring lintang ngancani rembulan
kuwi Bapaku
iku Ibuku
Lha aku...
aku ora duwe apa-apa
aku dudu sapa-sapa
lir gumanti siyang ratri
dadi seksi ginawa mati
wanita kebak ing rasa
wanita wani ditata
bungah susah muntel ing manah
kuwi aku...
dudu sliramu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar