NASKAH
DRAMA MALIN KUNDANG
ADEGAN 1
Ing sawijining dina, ing pesisir
pantai Kidul ana desa mencil sing jenenge desa “ORA MAJU”. Ing desa kuwi ana randha
tua anak loro, anake yaiku Malin dan Mala. Sanajan wis ditinggal bapane,
keluarga kuwi urip ayem dan tentrem.
Make : Le tangi le wis awan.
Ndang mangkat kerja kana loh. Make ki wis tua wis rakuat menyang laut golek
iwak.
Malin : Nggih mak, sekedap malih, tasih injing.
Make : Ndang adus kono lo, trus ndang mangan, trus mangkat. Iki adimu Mala
wis nyawisi sarapan.
Mala : Gage mas Malin, selak anyem segane.
Malin : Iya iya (Malin metu kamar karo mlaku glendhah-glendheh)
Mala : Mak Mala badhe njerengi iwak ingkang bakdo kejawahan wingi
dalu, nggih.
Make : Iya nduk, nko make nusul.
Malin : Mak budhal riyin nggih.
Make : Ora sarapan disik to le ?
Malin : Mangke mawon mak, assalamualaikum.
Make : Waalaikumsallam, ati-ati le.
Arum : Assalamualaikum Mak.
Make : Waalaikumsalam, Eeh nak Arum. Ana apa nduk ?
Arum :Mboten nopo-nopo mak, badhe pingin kepanggih Kang Malin. Wonten
Mak ?
Make : Oalah, Malin lagi wae mangkat neng laut etan. Opo ora pethuk
mau ?
Arum : Mboten mak, nggih sampun kula susul mawon kang Malin teng
laut.
Make : O iya nduk, yen kowe arep nusul Malin mak titip panganan kanggo
Malin.
Arum : Inggih mak. Kula bidhal riyin nggih. Assalamualaikum.
Make : Iya, waalaikumsallam. Ati-ati Nduk.
Arum : Nggih Mak, monggo dik Mala.
Mala : Nggih Mbak Arum, nderekaken.
Tangga : Sugeng injang mak. Wah injing-injing sampun makarya.
Make : Iya iki yu, la piye maneh yen ora ngene ora bisa ngulu sega.
Tangga : Nggih Mak, monggo. Ya
ngene iki, senenge duwi keluarga cilik sing uripe ayem tentrem. Waduh, dadi meri aku.
ADEGAN 2
Malin : Nasib-nasib, jaring
dipasang ket wingi kok ya ora ono iwak sing ketut. Jan do kemayu iwake.
Arum : Maliiiiiiiiiiiiiiin.
Malin : Arum, kok wis tekan
kene wae.
Arum : Aku mau neng omahmu,
tapi kowe wis mangkat. Iki panganan titipan saka emak. Dipangan disik.
Malin : Iya Rum, matur nuwun
ya. Kowe ki jan pengerten tenan marang aku.
Arum : Iya Malin
Malin : O iya Rum, aku kok
nduwe pikiran pingin merantau neng kutha ya.
Arum : Arep lahpo ?
Malin : Golek kerja neng
kutha, supaya duwe duwit akeh.
Arum : Iya Lin, tapiiiiii
Malin : Aku kepengen nglamar
kowe.
Arum : Tapi make piye ?
Malin : Ya kuwi sing tak
pikirke.
Bakul : Iwak, iwak. Iwak
bakar iwak goreng iwah mentah. Heem, Arum sedih amarga arep ditinggal Malin. Ya
ngeneki jenenge cah enom. Kira-kira piye ya, make ngrestuni Malin opo ora ya ?
ADEGAN 3
Ning : Arum, kenapa kowe ? kok ketoke kawatir ? apa sing mbok
pikirke ?
Arum : Eeh Ning, Malin arep merantau menyang kutha.
Ning : Lha arep lahpo ?
Arum : Jarene arep golek duwit nggo nglamar aku.
Ning : Ya apik ta. Wah kudune kowe seneng, kok malah sedih ?
Arum : Aku seneng Ning, tapi atiku kawatir yen Malin lali karo aku.
Ning : Sing penting di
dongake wae Rum. Wis rasah sedih. Ayo melu aku neng pasar, ana tas diskonan
lho. Ayo.
ADEGAN 4
Make : kowe arep neng ndi to
le ? kok gombalmu mbok lebokke tas ?
Malin : Kula pingen merantai
ing kutha mak.
Mala : La lahpo mas ? kok ya
aneh-aneh.
Malin : Aku pengen golek
duwit sing akeh dik, supaya bisa nyenegke awakmu lan make. Wis, aku mangkat
disik ya.
Arum : Malin.
Malin : Arum, aku pamit ya.
Aku titip make lan adikku Mala.
Arum : Iya Lin, kowe sing
ngati-ati ya.
Malin : Iya Rum, aku trisna
marang sliramu. Assalamualaikum.
ADEGAN 5
Kernet : Wirosari Wirosari.
Monggo mandhap mriki. Akhire Malin tekan ning kutha Wirosari. Kutha sing dadi
inceran wong desa-desa. Sakwise Malin medhun saka bis, Malin nulungi
tante-tante sing kecopetan.
Nyonya :
Aaaaaaaaaaa, tolong tolong.
Malin : Hee mandhek kowe !
Copet : Ampun mas, nggih-nggih
niki tase.
Malin : Niki Bu, tanse
jenengan.
Nyonya :
Maturnuwun mas, sapa jenengmu ?
Malin : Kula Malin Bu, kula
saking kampung badhe pados karya ing mriki.
Nyonya : Ayo mas
melu aku wae, aku bisa menehi kowe gawean.
Malin : Nggih Bu, maturnuwun
sakderenge.
ADEGAN 6
Nyonya : Papiiiii,
Papiiiiii.
Tuan : Ana apa ta Mi, lagi
mlebu omah Kok wis bengak bengok. Eeh sopo iki ? bali-bali kok gowo lanangan,
isih enom sisan. Apa Mami arep menduakan aku to Mi ?
Nyonya : Aah Papi
iki, gak usah lebay keles. Iki Malin, mau Mami kecopetan Pi.
Tuan : Lah, trus piye Mi,
Mami gak kenopo nopo ? Wah mesti kowe copete ? ayo ngaku !
Malin : Mboten Pak, mboten
kula.
Nyonya : Ora iki
Pi, iki nak Malin sing nulungi Mami. Yen ra ono Malin mesti tase Mami wis
digondol copet.
Tuan : Oo Yen ngono maturnuwun
nggih le. Kowe wis nulungi bojoku.
Malin : Nggih Pak, sami-sami.
Tuan : Yen bandha ilang ora
papa Mi, simpenane Papi ora bakal entek nganti pitung keturunan. Sing penting
Mami ora ilang.
Sinta : Duuuh ana apa ta
iki, kok do ribut nganti nangikke turuku.
Nyonya : Ooh , iki
Malin nduk. Iki sing nulungi Mami saka copet.
Sinta : Eem Sinta.
Malin : Malin.
Nyonya :
Yawis-yawis. Ijah, ijaaaaaah.
Ijah : Nggih Ndara.
Nyonya : Iki
tulung nak Malin terke neng kamar tamu lantai 3 ya.
Ijah : Ayo den, monggo.
Sinta : Eem Mi, Mas Malin
arep kerja ning kene?
Nyonya : Iya Nduk.
Wis, ayo mangan disik, Mami wis luwe banget. Malin, Maliiiin. Ayo mangan
bareng-barang.
Malin : Nggih Bu.
Sinta : Mangga Mas Malin.
Malin : Nggih dik.
Tuan : Amarga kowe wis
nyelametke Mami, aku bakal menehi gawean dadi direktur neng salah sijine
perusahaanku.
Malin : Nopo ? jenengan boten
salah pak ?
Nyonya : Iya
Malin, iki tenan.
Sinta : Ditrima wae mas, iki
rejekine sampean.
Malin : Matur nuwun sanget
Pak, Bu.
Ijah : Lah hem, enakke leh
lagi ning kene sedina wis ntuk pangkat duwur dadi direktur. Lha aku? Dina
sawise dina wis liwati. Akhire Malin dadi wong kang sukses. Deweke dijodojke
karo Sinta amarga bisa ningkatke mutu perusahaan.
ADEGAN 7
Sinta : Mas Malin, sarapan
yuk iki wis tak cepakke.
Malin : Iya Sayang.
Sinta : Hem, rene mas tak
pasangke dasine.
Malin : Wah, maturnuwun dik.
Heem enak tenan masakkanne bojoku tercinta.
Sinta : Iya Mas, mengko
bengi maem ning omah ya. Aku bakal masak special kanggo awakmu.
Malin : Iya Sayang, wis ya
aku mangkat kerja sik.
Sinta : Ati-ati sayang.
Bakul : Pizza pizza, mangga
Bu Pak. Wah nganten anyar jan mersa banget, eeh salah, mesra sing bener. Uripe
Mali beja temenan, tanpa rekasa dewkke wis iso dadi wong sugeh kayak sing di
karepke. Tapi piye karo keluargane sing neng desa ? Wah dilalekake iki. Ora
bener iki ora bener.
Arum : Kang Malin kae ? iya
Kang Malin. Kang, Kang Malin.
ADEGAN 8
Make : Nduk, make kangen karo
Malin. Kok rong taun iki wonge ora ngei kabar babar pisan ning make ya.
Mala : Iya Mak, aku dadi
kawatir karo mase.
Arum : Assalamualaikum.
Mala : Waalaikumsalam.
Arum : Mak, wingi nalika kula
dolan teng Om Wirosari kula kepethuk kang Malin mak. Saiki Kang Malin sampun
sukses. Wingi mawon nitih mobil jasan rapi banget kaya wong kantoran.
Make : Malin ? apa iyo kuwi
Malin ? Ayo terke make rono Nduk, Make kangen banget karo Malin.
Mala : Apa bener mbak kuwi
mas Malin ?
Arum : Iya dik, Mbak Rum apal
karo Masmu.
Make : Yawis sesok isuk awake
dhewe mangkat neng kutha.
ADEGAN 9
Arum : Neng kene Mak,
anggonku weruh kang Malin.
Make : Waah jan gedhe tenan
omahe anakku lanang.
Mala : Ayo mak, mlebu. Aku
wia gak sabar pengin weruh mase.
Make : Assalamualaikum.
Sinta : Waalaikumsalam. Niki
sinten nggih.
Mala : Iki make mas Malin
Mbak. Apa beber iki daleme mas Malin ?
Sinta : Iya bener. Tapi mas
Malin wis ora duwe keluarga. Wong tuane ya wis sedo kabeh.
Mala : Astagfirullah mas
malin tega-tegane ngomong ngono.
Sinta : Malin teng mriki
kathah mbak.
Arum : Eem nggih sampun
mungkin kula salah alamat mbak. Nuwun
Tukang : Looh kok ngono ta ? Apa
salah alamat ? Emak, Mala, Arum padha
bingung golekki Malin. Trus neng endi malin saiki ? neng endi neng endi neng
endi, ku kudu goleki neng endi. Sakwise kuwi Make, Mala, lan Arum leren ning taman
kutha amarga kesel wis mlaku mubengi Kutha ora ketemu Malin.
ADEGAN 10
Arum : Kang Malin.
Malin : Heh, Arum ? loh kok
yo ono Emak lan Mala ?
Tuan : Sapa kuwi Lin ?
Malin : Mboten Pak, mboten
kenal kula.
Mala : Mas Malin, iki aku
mas Mala adikku. Iki Make.
Make : Ngger apa kowe lali
karo make ?
Malin : Heh mbak tuek, ora
usah ngaku-ngaku dadi ibuku. Ibuku kuwi wis sido.
Arum : Kang sadar, iki Make.
Make sing nglahire kowe.
Nyonya : Wis-wis,
ora usah ribut. Nyoh iki cukup ta, ora usah nganggu mantuku neh. Wong miskin
mung modus tok nggo ngentukke duit.
Mala : Eh Bu, kula mboten
pengemis. Yowes mas yen kowe ora ngakoni. Wis mak, ayo lungo.
Make : Malin, le anakku kok yo
tegel-tegele kowe ora ngakoni aku.
Malin : Alah, ayo Mi,Pi lungo
wae. Ora usah nanggepi wong-wong sing koyo ngeneki.
Sinta : Ana apa iki ? Loh
jenengan sing ndik wingi goleki mas Malin ting ngriyane kula. Sapa iki Mas ?
Arum : Aku Arum mbak, pacare
Malin neng Desa.
Mala : Aku adikke mas Malin,
Iki make mas Malin. Tapi sayange mas Malin isin ngakoni keluargane.
Tuan : Malin, apa bener kuwi
?
Nyonya : Jawab
Malin, apa bener ?
Malin : Sayang, Mi Pi wis lah
ora usah percaya. Heh wong-wong desa kowe butuh duit piro ? Aku bakal menehi
penjalukkanmu. Ora usah ngaku-ngaku dadi sedulurku. Apa neh kowe mbak tuek, aku
wis ora nduwe ibu. Lan yo ra mungkin aku nduwe ibu sing gembel kaya ngene iki.
Make : Cukup le, cukup. Anak
durhaka kowe ora ngakoni aku. Wis lara atine Mak krungu kowe ngomong ngono. Tak
kutuk kowe dadi watu.
Malin : Ampun Mak, mak Ampun.
(Malin dadi watu)
Lan Akhire Malin dadi watu, amarga deweke
wis durhaka ora gelem ngakoni make sing wis nglairke, ngopeni deweke awit
cilik. Kanca-kanca kabeh, kita kudu sayang lan hormat karo wong tuo. Ora kena
nglarakke ati wong tua, terutama ibu. Amarga surga ana ing dlamaane ibu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar