Kamis, 20 November 2014

Drama Basa Jawa (Malin Kundang)


NASKAH DRAMA MALIN KUNDANG

ADEGAN 1
Ing sawijining dina, ing pesisir pantai Kidul ana desa mencil sing jenenge desa “ORA MAJU”. Ing desa kuwi ana randha tua anak loro, anake yaiku Malin dan Mala. Sanajan wis ditinggal bapane, keluarga kuwi urip ayem dan tentrem.
Make    : Le tangi le wis awan. Ndang mangkat kerja kana loh. Make ki wis tua wis rakuat menyang laut golek iwak.
Malin     : Nggih mak, sekedap malih, tasih injing.
Make    : Ndang adus kono lo, trus ndang mangan, trus mangkat. Iki adimu Mala wis nyawisi sarapan.
Mala      : Gage mas Malin, selak anyem segane.
Malin     : Iya iya (Malin metu kamar karo mlaku glendhah-glendheh)
Mala      : Mak Mala badhe njerengi iwak ingkang bakdo kejawahan wingi dalu, nggih.
Make    : Iya nduk, nko make nusul.
Malin     : Mak budhal riyin nggih.
Make    : Ora sarapan disik to le ?
Malin     : Mangke mawon mak, assalamualaikum.
Make    : Waalaikumsallam, ati-ati le.
Arum     : Assalamualaikum Mak.
Make    : Waalaikumsalam, Eeh nak Arum. Ana apa nduk ?
Arum     :Mboten nopo-nopo mak, badhe pingin kepanggih Kang Malin. Wonten Mak ?
Make    : Oalah, Malin lagi wae mangkat neng laut etan. Opo ora pethuk mau ?
Arum     : Mboten mak, nggih sampun kula susul mawon kang Malin teng laut.
Make    : O iya nduk, yen kowe arep nusul Malin mak titip panganan kanggo Malin.
Arum     : Inggih mak. Kula bidhal riyin nggih. Assalamualaikum.
Make    : Iya, waalaikumsallam. Ati-ati Nduk.
Arum     : Nggih Mak, monggo dik Mala.
Mala      : Nggih Mbak Arum, nderekaken.
Tangga  : Sugeng injang mak. Wah injing-injing sampun makarya.
Make    : Iya iki yu, la piye maneh yen ora ngene ora bisa ngulu sega.
Tangga  : Nggih Mak, monggo. Ya ngene iki, senenge duwi keluarga cilik sing uripe ayem tentrem.  Waduh, dadi meri aku.

ADEGAN 2
Malin     : Nasib-nasib, jaring dipasang ket wingi kok ya ora ono iwak sing ketut. Jan do kemayu iwake.
Arum     : Maliiiiiiiiiiiiiiin.
Malin     : Arum, kok wis tekan kene wae.
Arum     : Aku mau neng omahmu, tapi kowe wis mangkat. Iki panganan titipan saka emak. Dipangan disik.
Malin     : Iya Rum, matur nuwun ya. Kowe ki jan pengerten tenan marang aku.
Arum     : Iya Malin
Malin     : O iya Rum, aku kok nduwe pikiran pingin merantau neng kutha ya.
Arum     : Arep lahpo ?
Malin     : Golek kerja neng kutha, supaya duwe duwit akeh.
Arum     : Iya Lin, tapiiiiii
Malin     : Aku kepengen nglamar kowe.
Arum     : Tapi make piye ?
Malin     : Ya kuwi sing tak pikirke.
Bakul     : Iwak, iwak. Iwak bakar iwak goreng iwah mentah. Heem, Arum sedih amarga arep ditinggal Malin. Ya ngeneki jenenge cah enom. Kira-kira piye ya, make ngrestuni Malin opo ora ya ?
ADEGAN 3
Ning       : Arum, kenapa kowe ? kok ketoke kawatir ? apa sing mbok pikirke ?
Arum     : Eeh Ning, Malin arep merantau menyang kutha.
Ning       : Lha arep lahpo ?
Arum     : Jarene arep golek duwit nggo nglamar aku.
Ning       : Ya apik ta. Wah kudune kowe seneng, kok malah sedih ?
Arum     : Aku seneng Ning, tapi atiku kawatir yen Malin lali karo aku.
Ning       : Sing penting di dongake wae Rum. Wis rasah sedih. Ayo melu aku neng pasar, ana tas diskonan lho. Ayo.

ADEGAN 4
Make    : kowe arep neng ndi to le ? kok gombalmu mbok lebokke tas ?
Malin     : Kula pingen merantai ing kutha mak.
Mala      : La lahpo mas ? kok ya aneh-aneh.
Malin     : Aku pengen golek duwit sing akeh dik, supaya bisa nyenegke awakmu lan make. Wis, aku mangkat disik ya.
Arum     : Malin.
Malin     : Arum, aku pamit ya. Aku titip make lan adikku Mala.
Arum     : Iya Lin, kowe sing ngati-ati ya.
Malin     : Iya Rum, aku trisna marang sliramu. Assalamualaikum.

ADEGAN 5
Kernet  : Wirosari Wirosari. Monggo mandhap mriki. Akhire Malin tekan ning kutha Wirosari. Kutha sing dadi inceran wong desa-desa. Sakwise Malin medhun saka bis, Malin nulungi tante-tante sing kecopetan.
Nyonya                : Aaaaaaaaaaa, tolong tolong.
Malin     : Hee mandhek kowe !
Copet    : Ampun mas, nggih-nggih niki tase.
Malin     : Niki Bu, tanse jenengan.
Nyonya                : Maturnuwun mas, sapa jenengmu ?
Malin     : Kula Malin Bu, kula saking kampung badhe pados karya ing mriki.
Nyonya                : Ayo mas melu aku wae, aku bisa menehi kowe gawean.
Malin     : Nggih Bu, maturnuwun sakderenge.
ADEGAN 6
Nyonya                : Papiiiii, Papiiiiii.
Tuan      : Ana apa ta Mi, lagi mlebu omah Kok wis bengak bengok. Eeh sopo iki ? bali-bali kok gowo lanangan, isih enom sisan. Apa Mami arep menduakan aku to Mi ?
Nyonya                : Aah Papi iki, gak usah lebay keles. Iki Malin, mau Mami kecopetan Pi.
Tuan      : Lah, trus piye Mi, Mami gak kenopo nopo ? Wah mesti kowe copete ? ayo ngaku !
Malin     : Mboten Pak, mboten kula.
Nyonya                : Ora iki Pi, iki nak Malin sing nulungi Mami. Yen ra ono Malin mesti tase Mami wis digondol copet.
Tuan      : Oo Yen ngono maturnuwun nggih le. Kowe wis nulungi bojoku.
Malin     : Nggih Pak, sami-sami.
Tuan      : Yen bandha ilang ora papa Mi, simpenane Papi ora bakal entek nganti pitung keturunan. Sing penting Mami ora ilang.
Sinta      : Duuuh ana apa ta iki, kok do ribut nganti nangikke turuku.
Nyonya                : Ooh , iki Malin nduk. Iki sing nulungi Mami saka copet.
Sinta      : Eem Sinta.
Malin     : Malin.
Nyonya                : Yawis-yawis. Ijah, ijaaaaaah.
Ijah        : Nggih Ndara.
Nyonya                : Iki tulung nak Malin terke neng kamar tamu lantai 3 ya.
Ijah        : Ayo den, monggo.
Sinta      : Eem Mi, Mas Malin arep kerja ning kene?
Nyonya                : Iya Nduk. Wis, ayo mangan disik, Mami wis luwe banget. Malin, Maliiiin. Ayo mangan bareng-barang.
Malin     : Nggih Bu.
Sinta      : Mangga Mas Malin.
Malin     : Nggih dik.
Tuan      : Amarga kowe wis nyelametke Mami, aku bakal menehi gawean dadi direktur neng salah sijine perusahaanku.
Malin     : Nopo ? jenengan boten salah pak ?
Nyonya                : Iya Malin, iki tenan.
Sinta      : Ditrima wae mas, iki rejekine sampean.
Malin     : Matur nuwun sanget Pak, Bu.
Ijah        : Lah hem, enakke leh lagi ning kene sedina wis ntuk pangkat duwur dadi direktur. Lha aku? Dina sawise dina wis liwati. Akhire Malin dadi wong kang sukses. Deweke dijodojke karo Sinta amarga bisa ningkatke mutu perusahaan.

ADEGAN 7
Sinta      : Mas Malin, sarapan yuk iki wis tak cepakke.
Malin     : Iya Sayang.
Sinta      : Hem, rene mas tak pasangke dasine.
Malin     : Wah, maturnuwun dik. Heem enak tenan masakkanne bojoku tercinta.
Sinta      : Iya Mas, mengko bengi maem ning omah ya. Aku bakal masak special kanggo awakmu.
Malin     : Iya Sayang, wis ya aku mangkat kerja sik.
Sinta      : Ati-ati sayang.
Bakul     : Pizza pizza, mangga Bu Pak. Wah nganten anyar jan mersa banget, eeh salah, mesra sing bener. Uripe Mali beja temenan, tanpa rekasa dewkke wis iso dadi wong sugeh kayak sing di karepke. Tapi piye karo keluargane sing neng desa ? Wah dilalekake iki. Ora bener iki ora bener.
Arum     : Kang Malin kae ? iya Kang Malin. Kang, Kang Malin.

ADEGAN 8
Make    : Nduk, make kangen karo Malin. Kok rong taun iki wonge ora ngei kabar babar pisan ning make ya.
Mala      : Iya Mak, aku dadi kawatir karo mase.
Arum     : Assalamualaikum.
Mala      : Waalaikumsalam.
Arum     : Mak, wingi nalika kula dolan teng Om Wirosari kula kepethuk kang Malin mak. Saiki Kang Malin sampun sukses. Wingi mawon nitih mobil jasan rapi banget kaya wong kantoran.
Make    : Malin ? apa iyo kuwi Malin ? Ayo terke make rono Nduk, Make kangen banget karo Malin.
Mala      : Apa bener mbak kuwi mas Malin ?
Arum     : Iya dik, Mbak Rum apal karo Masmu.
Make    : Yawis sesok isuk awake dhewe mangkat neng kutha.

ADEGAN 9
Arum     : Neng kene Mak, anggonku weruh kang Malin.
Make    : Waah jan gedhe tenan omahe anakku lanang.
Mala      : Ayo mak, mlebu. Aku wia gak sabar pengin weruh mase.
Make    : Assalamualaikum.
Sinta      : Waalaikumsalam. Niki sinten nggih.
Mala      : Iki make mas Malin Mbak. Apa beber iki daleme mas Malin ?
Sinta      : Iya bener. Tapi mas Malin wis ora duwe keluarga. Wong tuane ya wis sedo kabeh.
Mala      : Astagfirullah mas malin tega-tegane ngomong ngono.
Sinta      : Malin teng mriki kathah mbak.
Arum     : Eem nggih sampun mungkin kula salah alamat mbak. Nuwun
Tukang : Looh kok ngono ta ? Apa salah alamat ?  Emak, Mala, Arum padha bingung golekki Malin. Trus neng endi malin saiki ? neng endi neng endi neng endi, ku kudu goleki neng endi. Sakwise kuwi Make, Mala, lan Arum leren ning taman kutha amarga kesel wis mlaku mubengi Kutha ora ketemu Malin.


ADEGAN 10
Arum     : Kang Malin.
Malin     : Heh, Arum ? loh kok yo ono Emak lan Mala ?
Tuan      : Sapa kuwi Lin ?
Malin     : Mboten Pak, mboten kenal kula.
Mala      : Mas Malin, iki aku mas Mala adikku. Iki Make.
Make    : Ngger apa kowe lali karo make ?
Malin     : Heh mbak tuek, ora usah ngaku-ngaku dadi ibuku. Ibuku kuwi wis sido.
Arum     : Kang sadar, iki Make. Make sing nglahire kowe.
Nyonya                : Wis-wis, ora usah ribut. Nyoh iki cukup ta, ora usah nganggu mantuku neh. Wong miskin mung modus tok nggo ngentukke duit.
Mala      : Eh Bu, kula mboten pengemis. Yowes mas yen kowe ora ngakoni. Wis mak, ayo lungo.
Make    : Malin, le anakku kok yo tegel-tegele kowe ora ngakoni aku.
Malin     : Alah, ayo Mi,Pi lungo wae. Ora usah nanggepi wong-wong sing koyo ngeneki.
Sinta      : Ana apa iki ? Loh jenengan sing ndik wingi goleki mas Malin ting ngriyane kula. Sapa iki Mas ?
Arum     : Aku Arum mbak, pacare Malin neng Desa.
Mala      : Aku adikke mas Malin, Iki make mas Malin. Tapi sayange mas Malin isin ngakoni keluargane.
Tuan      : Malin, apa bener kuwi ?
Nyonya                : Jawab Malin, apa bener ?
Malin     : Sayang, Mi Pi wis lah ora usah percaya. Heh wong-wong desa kowe butuh duit piro ? Aku bakal menehi penjalukkanmu. Ora usah ngaku-ngaku dadi sedulurku. Apa neh kowe mbak tuek, aku wis ora nduwe ibu. Lan yo ra mungkin aku nduwe ibu sing gembel kaya ngene iki.
Make    : Cukup le, cukup. Anak durhaka kowe ora ngakoni aku. Wis lara atine Mak krungu kowe ngomong ngono. Tak kutuk kowe dadi watu.
Malin     : Ampun Mak, mak Ampun. (Malin dadi watu)
Lan Akhire Malin dadi watu, amarga deweke wis durhaka ora gelem ngakoni make sing wis nglairke, ngopeni deweke awit cilik. Kanca-kanca kabeh, kita kudu sayang lan hormat karo wong tuo. Ora kena nglarakke ati wong tua, terutama ibu. Amarga surga ana ing dlamaane ibu.

Rabu, 19 November 2014

Kehilangan

Memang benar, sedih rasanya jika kehilangan seseorang yang kita sayangi. Sakit ini begitu terasa saat kenangan-kenangan indah itu muncul di dalam memory kita. Apalagi jika seseorang meninggalkan kita untuk selamanya. Sungguh begitu berat. Mungkin hati ini tak sanggup untuk memikulnya. Yang ada dibenak kita hanya kesedihan yang mendalam. Pipi pun terus dibasahi oleh air mata.
Hidup ini seperti air yang mengalir. Kita hanya bisa menoleh kenangan, tidak bisa kembali untuk mengulang. Kita hanya bisa menegakkan kepala dan terus memandang ke depan.
Kenanglah, hal-hal yang menurut kita istimewa dan membangkitkan masa depan. Lupakanlah kenangan yang membuat kita hancur di masa depan. Karena masa lalu tidak untuk dikenang, tapi jadikanlah pelajaran yang berharga dalam hidup kita.
Doakanlah selalu orang-orang yang kita sayangi, agar senantiasa diberi kesehatan dan selalu dalam lindungan Allah SWT.

Kamis, 13 November 2014

Surat untukmu Ayah

Ayah
Tanpa ayah kita tak akan hidup di dunia ini.
Ayah adalah segalanya.
Seorang ayah pasti akan berjuang untuk putra-putrinya.
Saya paham, ini semua adalah takdir Tuhan. Tapi mengapa Tuhan harus memisahkan Saya dengan Ayah sebelum saya merasakan belaian sayang darinya. Apa mungkin ini hikmah dari Tuhan ?
Saya hanya bisa meminta kepada Tuhan agar selalu menjaga Bunda saya. Karna hanya beliau tiang saya. Untuk bersandar dan penghangat disaat saya terpuruk.
Teman-teman, bersyukurlah kamu jika kamu masih memiliki orang tua yang lengkap. Hormati mereka, sayangi mereka, jangan kecewakan mereka. Jangan sampai kamu menyesal jika mereka tlah tiada.